Jumat, 04 April 2008

Pengalaman "Atur Panampi" Lamaran

Dag...dig...dug...serrr

SABTU, 29 Maret 2008 menjadi hari yang tak mungkin kulupakan. Karena aku berhasil melaksanakan amanat mewakili kakak kandungku, Mbak Sri menerima lamaran untuk anaknya yang nomor 3 dari 5 bersaudara, di Solo Balapan.

Sebenarnya urusan sambut menyambut itu sudah merupakan hal yang biasa aku lakukan sejak aku masih muda. Karena sejak SMA aku sudah ikut organisasi, mulai dari OSIS, PII, Remaja Masjid, organisasi wartawan PWI, sampai aktif di DPC Partai Kebangkitan Bangsa Yogya. Tapi memberi sambutan memakai bahasa Jawa kromo inggil dalam acara resmi menerima lamaran baru sekali ini.

Ceritanya Sabtu malam itu jam sudah menunjukkan pukul 20.20 WIB saat rombongan calon besan dari Yogya tiba di rumah kakakku di rumah Dinas Perumka Solo Balapan. Begitu rombongan sudah masuk ke ruang tamu, dan menyerahkan seperangkat tanda tali kasih berupa makanan dan buah-buahan, bu Retno Widaningrum, ibu kandung Wawan, calon suami keponakanku yang sudah 32 tahun menjadi dosen di Fakultas Pertanian UGM langsung mengungkapkan hajatnya melamar dengan runtut dalam bahasa Jawa yang sangat halus.

Begitu calon besan selesai menyambut, Mbak Sri sambil menyungging senyum langsung melirik ke arahku memberi kode untuk 'atur panampi' lamaran. Inilah diantara 'atur panampi' yang aku haturkan kepada calon besan kakakku:

Assalamu'alaikum wr.wb. nuwun!
Sholawat
"Bapak2, Ibu2 soho para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.
Dumateng panjenenganipun Ibu Retno Widaningrum minangka tiang sepuhi pun mas Wawan, kulo minangka wakilipun Bp Sudaryanto sekalian ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi nembe ngraosaken bombonging penggalih, pikantuk sungsung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan.

Langkung rumiyin Bp Sudaryanto sekalian ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dateng Gusti Allah ta'ala ingkang sampun ndawahaken kanugrahan dateng kita sedaya dene hajatipun Ibu Retno anggenipun ngadahi kerso saged kobul. Sepindah silaturahmi, kaping kalih taaruf, kaping tiganipun lamaran dan ngrembak rencana ndaupaken keng putri ingkang peparap Mas Wawan pikantuk Rr Arifah Sindika putri.

Ingkang sepindah, kulo pribadi tuwin Bp Sudaryanto sekalian ngaturaken pambagyo rahayu wilujeng waruh panjenengan sedaya, ingkang sampun kanti sugeng basuki tindak saking dalem ing Ngayojokarto dumugining dalemipun Bp Sudaryanto.

Kaping kalih, sampun dipun tampi atur salam taklimipun Ibu Retno, semanten ugi Bp Sudaryanto sekalian ngaturaken salam taklim mugi katur ngarsanipun Ibu Retno, kanti pepuji mugi2 tansah pinaringan sih kanugrahan Pangeran Ingkang Maha Kuwaos, cinelakno ing suko rahayu, tinebehno ing godha rencana.

Kaping tiganipun, Bp Sudaryanto reno nrimo ngaturaken nuwun ingkang kathah dene Ibu Retno sampun kerso rawuh ing mriki saperlu taaruf dan lamaranipun kita tampi kanti suko renaning manah. Mbok bilih sadayanipun mangke sampun samekto ing damel, keng putra nakmas Wawan kaliyan Arifah kekalih badhe kadhaupaken.

Mawantu-wantu panjenenganipun Bp Sudaryanto sekalian mugi panjenengan dalam para pangombyong, kasuwun kanti sanget keparengo anglajengaken suko pari suko anggenipun lelenggahan kanti mirunggan.

Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kulo ngaturaken atur panampi puniko wau kirang mranani ing penggalih, awit cupeting nalar kidhunging pemanggih, kulo tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami.
Wass......


Begitu selesai mengucap wassalam, aku hatiku lega, dadaku yang sedikit 'megeng' nafas merasa plong setelah sekian menit harus menyambut dan mengingat-ngat kata-kata bahasa Jawa halus yang pas untuk menjawab lamaran calon besan.
"Wah ora nyangka ternyata mas roso iso nyambut nganggo bahasa Jawa mlipis. Sak derenge dereng nate lho mbak Titik," puji istriku setelah rombongan calon besan pulang.
"Iyo aku mau yo khawatir, begitu ngerti calon mertuane Ika ngomong halus banget tur runtut, iso ora Roso balas nganggo bahasa Jawa halus
," tukas kakakku cer, Mbak Titik.

So... siapa lagi yang butuh jasa atur panampi lamaran pakai bahasa Jawa kromo inggil hehehe, aku siap ditanggap. Itung-itung nguri-nguri kabudayawan bahasa Jawa.kqkqkq (ahmad suroso)

4 komentar:

Unknown mengatakan...

Sipppp lah

masguruakuntansi.blogspot,com mengatakan...

Mantaps...

Joko karman mengatakan...

Jozzz... Ringkes to the poin

arif mache mengatakan...

Q msh blm ngerti Artinya apa pak de..?
Biar tau versi Indonesia nya juga pak de. .. Maturnuwun